03 Juni 2015

Swara Ati


Dak sawang uripku sajroning lakuku iki
Nadyan adoh karepe ati
Nanging kasunyatan ora bisa dak selaki
Apa iki kang wus dadi garise uripku?
Ora ngerti dak rasa banjur atiku nelangsa
Wiwit biyen nganti teka seprene
Ora liya amung kanggo bekti
Nadyan lintang iku wis ora bakal bali
Nanging pangare-arep iku isih ana lan bakal terus ana
Nganti tekan sirnane jagadku
Ora ana liya, muga nggayuh urip sampurna.  .  .

BUMI REYOG