.........................
Galar-galar katresnan iku saiki wis gapuk
Teka galihing wis waradin kepangan nonor
Dudu amarga kepangan mangsa utawa suwening wektu
Pindha kekayon kang mranggas, aking lan tunggu janji
Baya-Karta wusana dadi pangimpen
Kembanging turu kanggo wong turu
.........................
(Suruping surya, mendhung tumlawung ing Kasunanan Surakarta Hadiningrat)